Guneman utawa pacelathon marang wong liya iku ana tata kramane utawa unggah-ungguhe basa, punapa maneh guneman nganggo parikan utawa wangsalan. Unggah-ungguh yaiku sopan-santun, tata susila, tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama utawa nggunakake basa. Babagan unggah-ungguh basa di butuhake banget ing jaman moderen iki. Emane, basa krama kurang kaajarake marang siswa ing sekolahan. Mula iku ing kene para siswa bakal di ajari kepriye tuladhane pacelathon arang wong kang luwih tuwa.
Unda-usuking basa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang wis kulina utawa satataran. Dene basa krama kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang durung kulina utawa wong kang tataran bebrayan luwih tuwa.
Parikan yaiku unen-unen kang kedadeyan saka rong ukara, kang dhapukane kanggo purwakanthi swara utawa purwakanthi sastra. Saben saukara kadadeyan saka rong gatra, saben sagatrane isine 4 wanda utawa 8 wanda. Ukara kapisan minangka pambuka, ukara kapindho iku wose utawa isi bakune. Ing basa Indonesia parikan diarani pantun.
Tuladha:
1. Manuk emprit, nucuk pari
dadi murid, sing taberi
2. Wajik klethik, gula jawa
luwih becik, sing prasaja
3. Gudheg manggar bumbune mrica ketumbar
lamun sabar, bisa lejar serta bingar
Wangsalan yaiku unen-unen meh kaya cangkriman, dene tebusane utawa batangane (jawaban) srana sinandi tegese ora blaka, ora diceplosake. Ana wangsalan padinan lan tembang.
Tuladha wangsalan padinan
1. Janur gunung esuk-sesuk dolan mrene
janur gunung : aren (kadingaren)
2. Sekar aren, sampun dangu-dangu
(sekar/kembang aren : dangu)
3. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso
roning mlinjo : so
Wangsalan kang kanggo ing tembang. Biasane kanggo sing panembrama, arane umpak-umpak. Gerongan, umpak-umpak, wangsalan diterusake tembang Kinanthi Sandhung utawi Kinanthi subakastawa.
Tuladha.
1. Petis manis, sarining kaca benggala (4+8)
Aja ngucap yen durung dirasa-rasa (kecap rasa)
2. Jenangsela wader kalen sasonderan (4+8)
Apuranto yen wonten lepat kawula (apu, sepat)
3. Balung geni, kalong lit kang aneng wisma (4+8)
Dhuh pra siswa, yo sinau basa jawa (mawa/wawa, lawa)
Tuladha Pacelathon
Wis sawetara wektu aku kepengen tuku buku Basa Jawa. Buku kuwi kanggo sinau supaya aku tambah pinter. Sawijining dina, aku matur karo paklik yen aku arep nyuwun arta.
Ardi : “Kula nuwun.”
Paklik : “ O nggih. Mangga ... mangga, kok njanur gunung Le dolan mrene.”
Ardi : “Sowan kula mriki badhe nyuwun tulung, menapa saged Paklik?”
Paklik : “ Ana apa Le sejatine. Sajake wigati sanget.”
Ardi : “Menika Paklik. Kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku Basa Jawa
Paklik : “Oooo dhuwit kanggo tuku buku Basa Jawa to, Sik dakjupukake.”
Ardi : “Inggih Paklik, Kula tengga.”
Paklik : “Iki Le dhuwite.”
Ardi : “Matur nuwun, Paklik. Amargi sampun sonten kula badhe nyuwun pamit.”
Paklik : “ Ya, ngati-ati ya ning dalan
Ardi : “ Nggih Paklik.”
Parikan & Wangsalan
Aksara Jawa
Aksara Jawa, dikenal juga sebagai Hanacaraka (ꦲꦤꦕꦫꦏ) dan Carakan (ꦕꦫꦏꦤ꧀), adalah salah satu aksara tradisional Nusantara yang digunakan untuk menulis bahasa Jawa dan sejumlah bahasa daerah Indonesia lainnya seperti bahasa Sunda dan bahasa Sasak Tulisan ini berkerabat dekat dengan aksara Bali.
Dalam sehari-hari, penggunaan aksara Jawa umum digantikan dengan
huruf Latin yang pertama kali dikenalkan Belanda pada abad ke-19. Aksara Jawa resmi dimasukkan dalam Unicode versi 5.2 sejak 2009. Meskipun begitu, kompleksitas aksara Jawa hanya dapat ditampilkan dalam program dengan teknologi Graphite SIL, seperti browser Firefox dan beberapa prosesor kata open source,
sehingga penggunaannya tidak semudah huruf Latin. Kesulitan penggunaan
aksara Jawa dalam media digital merupakan salah satu faktor yang
menyebabkan kurang populernya aksara tersebut selain di kalangan
preservasionis.






